1. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran
--- Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
2. Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau
Jawa berkalung besi.
3. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang
--- Perahu berjalan di angkasa.
4. Kali ilang kedhunge --- Sungai
kehilangan mata air.
5. Pasar ilang kumandhang --- Pasar
kehilangan suara.
6. Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya
wis cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
7. Bumi saya suwe saya mengkeret ---
Bumi semakin lama semakin mengerut.
8. Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal
tanah dikenai pajak.
9. Jaran doyan mangan sambel --- Kuda
suka makan sambal.
10. Wong wadon nganggo pakeyan lanang
--- Orang perempuan berpakaian lelaki.
11. Iku tandhane yen wong bakal nemoni
wolak-waliking zaman--- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik
12. Akeh janji ora ditetepi --- Banyak
janji tidak ditepati.
13. keh wong wani nglanggar sumpahe dhewe---
Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
14. Manungsa padha seneng nyalah---
Orang-orang saling lempar kesalahan.
15. Ora ngendahake hukum Hyang Widhi---
Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
16. Barang jahat diangkat-angkat--- Yang
jahat dijunjung-junjung.
17. Barang suci dibenci--- Yang suci
(justru) dibenci.
18. Akeh manungsa mung ngutamakke
dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang.
19. Lali kamanungsan--- Lupa jati kemanusiaan.
20. Lali kabecikan--- Lupa hikmah
kebaikan.
21. Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak
lupa saudara.
22. Akeh bapa lali anak--- Banyak ayah
lupa anak.
23. Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak
anak berani melawan ibu.
24. Nantang bapa--- Menantang ayah.
25. Sedulur padha cidra--- Saudara dan
saudara saling khianat.
26. Kulawarga padha curiga--- Keluarga saling curiga.
27. Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi
lawan.
28. Akeh manungsa lali asale --- Banyak orang lupa
asal-usul.
29. Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman
Raja tidak adil
30. Akeh pangkat sing jahat lan
ganjil--- Banyak pejabat jahat dan ganjil
31. Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak
ulah-tabiat ganjil
32. Wong apik-apik padha kapencil ---
Orang yang baik justru tersisih.
33. Akeh wong nyambut gawe apik-apik
padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal justru merasa malu.
34. Luwih utama ngapusi --- Lebih mengutamakan
menipu.
35. Wegah nyambut gawe --- Malas untuk
bekerja.
36. Kepingin urip mewah --- Inginnya
hidup mewah.
37. Ngumbar nafsu angkara murka,
nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
38. Wong bener thenger-thenger --- Orang
(yang) benar termangu-mangu.
39. Wong salah bungah --- Orang (yang)
salah gembira ria.
40. Wong apik ditampik-tampik--- Orang
(yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
41. Wong jahat munggah pangkat--- Orang
(yang) jahat naik pangkat.
42. Wong agung kasinggung--- Orang
(yang) mulia dilecehkan
43. Wong ala kapuja--- Orang (yang)
jahat dipuji-puji.
44. Wong wadon ilang kawirangane---
perempuan hilang malu.
45. Wong lanang ilang kaprawirane---
Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.
46. Akeh wong lanang ora duwe bojo---
Banyak laki-laki tak mau beristri.
47. Akeh wong wadon ora setya marang
bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami.
48. Akeh ibu padha ngedol anake---
Banyak ibu menjual anak.
49. Akeh wong wadon ngedol awake---
Banyak perempuan menjual diri.
50. Akeh wong ijol bebojo--- Banyak
orang gonta-ganti pasangan.
51. Wong wadon nunggang jaran---
Perempuan menunggang kuda.
52. Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik
tandu.
53. Randha seuang loro--- Dua janda harga seuang
(Red.: seuang = 8,5 sen).
54. Prawan seaga lima--- Lima perawan
lima picis.
55. Dhudha pincang laku sembilan uang---
Duda pincang laku sembilan uang.
56. Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak
orang berdagang ilmu.
57. Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang
mengaku diri.
58. Njabane putih njerone dhadhu--- Di
luar putih di dalam jingga.
59. Ngakune suci, nanging sucine
palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka.
60. Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu
banyak muslihat.
61. Akeh udan salah mangsa--- Banyak
hujan salah musim.
62. Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan
tua.
63. Akeh randha nglairake anak--- Banyak
janda melahirkan bayi.
64. Akeh jabang bayi lahir nggoleki
bapakne--- Banyak anak lahir mencari bapaknya.
65. Agama akeh sing nantang--- Agama
banyak ditentang.
66. Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan
semakin hilang.
67. Omah suci dibenci--- Rumah suci
dijauhi.
68. Omah ala saya dipuja--- Rumah
maksiat makin dipuja.
69. Wong wadon lacur ing ngendi-endi---
Perempuan lacur dimana-mana.
70. Akeh laknat--- Banyak kutukan
71. Akeh pengkianat--- Banyak
pengkhianat.
72. Anak mangan bapak---Anak makan
bapak.
73. Sedulur mangan sedulur---Saudara
makan saudara.
74. Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi lawan.
75. Guru disatru---Guru dimusuhi.
76. Tangga padha curiga---Tetangga
saling curiga.
77. Kana-kene saya angkara murka ---
Angkara murka semakin menjadi-jadi.
78. Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa
tahu terkena beban.
79. Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang
tak tahu disalahkan.
80. Besuk yen ana peperangan---Kelak
jika terjadi perang.