Minggu, 22 April 2012

Ramalan Jayabaya dan Cocokan Dengan Kehidupan Sekarang!!!


1.      Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran --- Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
2.      Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau Jawa berkalung besi.
3.      Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang --- Perahu berjalan di angkasa.
4.      Kali ilang kedhunge --- Sungai kehilangan mata air.
5.      Pasar ilang kumandhang --- Pasar kehilangan suara.
6.      Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya   telah mendekat.
7.      Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut.
8.      Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal tanah dikenai pajak.
9.      Jaran doyan mangan sambel --- Kuda suka makan sambal.
10.  Wong wadon nganggo pakeyan lanang --- Orang perempuan berpakaian lelaki.
11.  Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman--- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik
12.  Akeh janji ora ditetepi --- Banyak janji tidak ditepati.
13.   keh wong wani nglanggar sumpahe dhewe--- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
14.  Manungsa padha seneng nyalah--- Orang-orang saling lempar kesalahan.
15.  Ora ngendahake hukum Hyang Widhi--- Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
16.  Barang jahat diangkat-angkat--- Yang jahat dijunjung-junjung.
17.  Barang suci dibenci--- Yang suci (justru) dibenci.
18.  Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang.
19.   Lali kamanungsan--- Lupa jati kemanusiaan.
20.  Lali kabecikan--- Lupa hikmah kebaikan.
21.  Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak lupa saudara.
22.  Akeh bapa lali anak--- Banyak ayah lupa anak.
23.  Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak anak berani melawan ibu.
24.   Nantang bapa--- Menantang ayah.
25.  Sedulur padha cidra--- Saudara dan saudara saling khianat.
26.   Kulawarga padha curiga--- Keluarga saling curiga.
27.  Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan.
28.   Akeh manungsa lali asale --- Banyak orang lupa asal-usul.
29.  Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman Raja tidak adil
30.  Akeh pangkat sing jahat lan ganjil--- Banyak pejabat jahat dan ganjil
31.  Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak ulah-tabiat ganjil
32.  Wong apik-apik padha kapencil --- Orang yang baik justru tersisih.
33.  Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal justru merasa malu.
34.  Luwih utama ngapusi --- Lebih mengutamakan menipu.
35.  Wegah nyambut gawe --- Malas untuk bekerja.
36.  Kepingin urip mewah --- Inginnya hidup mewah.
37.  Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
38.  Wong bener thenger-thenger --- Orang (yang) benar termangu-mangu.
39.  Wong salah bungah --- Orang (yang) salah gembira ria.
40.  Wong apik ditampik-tampik--- Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
41.  Wong jahat munggah pangkat--- Orang (yang) jahat naik pangkat.
42.  Wong agung kasinggung--- Orang (yang) mulia dilecehkan
43.  Wong ala kapuja--- Orang (yang) jahat dipuji-puji.
44.  Wong wadon ilang kawirangane--- perempuan hilang malu.
45.  Wong lanang ilang kaprawirane--- Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.
46.  Akeh wong lanang ora duwe bojo--- Banyak laki-laki tak mau beristri.
47.  Akeh wong wadon ora setya marang bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami.
48.  Akeh ibu padha ngedol anake--- Banyak ibu menjual anak.
49.  Akeh wong wadon ngedol awake--- Banyak perempuan menjual diri.
50.  Akeh wong ijol bebojo--- Banyak orang gonta-ganti pasangan.
51.  Wong wadon nunggang jaran--- Perempuan menunggang kuda.
52.   Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik tandu.
53.   Randha seuang loro--- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
54.  Prawan seaga lima--- Lima perawan lima picis.
55.  Dhudha pincang laku sembilan uang--- Duda pincang laku sembilan uang.
56.  Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak orang berdagang ilmu.
57.  Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang mengaku diri.
58.  Njabane putih njerone dhadhu--- Di luar putih di dalam jingga.
59.  Ngakune suci, nanging sucine palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka.
60.  Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu banyak muslihat.
61.  Akeh udan salah mangsa--- Banyak hujan salah musim.
62.  Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan tua.
63.  Akeh randha nglairake anak--- Banyak janda melahirkan bayi.
64.  Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne--- Banyak anak lahir mencari bapaknya.
65.  Agama akeh sing nantang--- Agama banyak ditentang.
66.  Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan semakin hilang.
67.  Omah suci dibenci--- Rumah suci dijauhi.
68.  Omah ala saya dipuja--- Rumah maksiat makin dipuja.
69.  Wong wadon lacur ing ngendi-endi--- Perempuan lacur dimana-mana.
70.  Akeh laknat--- Banyak kutukan
71.  Akeh pengkianat--- Banyak pengkhianat.
72.  Anak mangan bapak---Anak makan bapak.
73.  Sedulur mangan sedulur---Saudara makan saudara.
74.   Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi lawan.
75.  Guru disatru---Guru dimusuhi.
76.  Tangga padha curiga---Tetangga saling curiga.
77.  Kana-kene saya angkara murka --- Angkara murka semakin menjadi-jadi.
78.  Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa tahu terkena beban.
79.  Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang tak tahu disalahkan.
80.  Besuk yen ana peperangan---Kelak jika terjadi perang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar